Deretane tembang trenggalek

Lagu baru anak trenggalek


Ngapunten tasik belajaran

Sketsa wajah
Deretane tembang








"Adem ning utek," yo kuwi sng ti rasakne Jhonny, bocah kelahiran Senden Kampak Trenggalek, yogo soko bpk.Sulis Diyono lan Ibu.Kholifah 01-01-1993 pas ngrungokne musik. Bocah sing nduwe jeneng lengkap Jhonny Andika Rana iki ngenal musik pas jik umur 11 tahun, pas dewek'e ijik kelas 5 Sekolah Dasar. Bapak'e sing yo wong seni khusus'e musik, dadi nik omah'e yo pepak alat musik nggowo cah'e nurun nik bapak'e. Kawitan njajal-njajal akhire cah'e mulai ngerti lan paham opo kuwi musik. Musik kuwi bagian soko seni, "URIP TANPO SENI NDONYO IKI SUWUNG," jarene cah'e. Pirang-pirang lagu sing ti ciptakne nduwe crito lan makna dewe-dewe. Awet tahun 2006 cah'e wis gae urek-urekan lagu, tapi jaman semono ora nduwe alat lan dukumentasi, dadi lagune ilang rakelingan teko sak iki judul,lirik lan nadane. Tahun 2007 mancik gawe lagu sing di tulis lan ti rekam ning HP, jaman semono HP yo sik jadul kenek ge ngrekam ae wis untung-untungan. Iki deretan lagu ciptaane awet 2007 sing wis di dokumentasikne cah'e: 1.)Tahun 2007 #Putus Ncritakne jaman cinta ketek, utowo cinta monyete mbiyen hahaha...., Sing isine tentang hubungan sing wis ra iso ti pertahane mergo ti larani ae akhire ngajak putus. 2.)Tahun 2008 #Mantan Nyritakne pas pisah karo mantane (seje uwong), deweke ora iso ngei opo-opo liane dungo lan deretane kata-kata utowo pitedah apik sing ra iso lali nik cah'e. 3.)Tahun 2009 #Gelap Malam Lagu iki ncritakne pas bengi-bengi lungguh dewekan nik poncotan tanpo batur mikir pacare (seje uwong eneh). Janji pacaran kok mesti ae ti larani atine nik cah wedok, opo nasipe yo muk ti. Larani ae. Raupan sing ayu ora mesti lek atine ayu. 4.)Tahun 2011 #Janji Manis Nah lek lagu iki lirik'e sing gawe koncone jenenge "Aga Sandi". Cah 2 kuwi gae lagu nganti dadi pas jamane sma kelas 2, barengan karo Nanang Dwi Cahya, Yoga Setyawan, Adib Naoneng, lan Danang Hadi ndadekno lagu iki nganti "rekaman", yo masio ngunu ritek apik elek sing penting berkreasi. Hahahaha....... 5.)Tahun 2012 #Cover Lagu (dikota ini) Lagu coveran iki nyritakne kerase urep pas nik ndalan (jamane mbambung). Pas jik demen-demene ubyak-ubyuk mbi bocah-bocah. 6.)Tahun 2014 #Putri Ngerit Bar suwi ra gawe lagu, tahun 2014 cah'e gawe lagu eneh judule "Putri Ngerit". Pas nggawe lagu iki cah'e tas rabi ambi "Ristyana Ika Mardhani". Nyritakne sejarah nik desane yo kuwi "Goa Ngerit" sing sak iki dadi panggenan wisata baru di Trenggalek. 7.)Tahun 2015 #The Birth Of My Son Lagu iki nyritakne pas bojone meteng gedi, lagu kado kanggo bojone lan anak sing nik njero weteng. Mugo-mugo pas lahir dadi anak sing bakti karo wong tuwek lan dadi anak sing soleh solehah guno kanggo agomo lan negoro. Amiinnn..... 8.)Tahun 2016 #Jaya Wijaya Agung Trenggalek Jayati Lagu iki ti ciptakne sak bare anak'e lahir wedok sing ti wenehi jeneng "Florenzia Irenna Putri Ranatya". Lagu iki nik YouTube tak wenehi judul "Trenggalek Kota Kelahiranku". Nyritakne sejarah dadine kuto Trenggalek. 9.)Tahun 2017 #Prasasti Kampak Lagu sing keri iki judule Prasasti Kampak, nyritakne sejarah ngadek'e jeneng utowo kademangan Kampak. Prasasti sing ti gae Mpu Sindok iki luweh tuwek ketimbang Prasasti Kamulan, dadi Kampak wis enek disek sak durunge kuto Trenggalek ngadek. 10.)Tahun 2018 #Trenggalek Tulungagung Iki sing wis ti gawe disek lirik lan introne, gari chrouse lan reff'e. Nyritakne saben dino PP Trenggalek Tulungagung mergo buruh kerjo melok cino kawit metu sekolah. Masio jarak'e yo lumayan ndak cedek t.tlateni mergo wis ndwe keluarga dwe. Mugo-mugo Jhonny,Bojo lan Anak'e ti paringi urep sing penak ndunyo lan akhirot'e mbesuk. Aminnnn..... Iki anamung reringkesan crito perjalanan urep Bpk.Jhonny Andika Rana sing ti gawe nik jerone lagu. Enek apik lan kurang sae nik jroning penggalihe panjenengan kulo nyuwun ngaturaken agungeng panuwun. Matur sembah nuwun. Dipun damel:10-11-2017 Utawi saget amersani piyambak Fb:jhonny andika mardhani Fb:ristya andhika rana YouTube:jhonny andika http://myflorenzia.blogspot.com

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik prasasti kampak