Jaya wijaya trenggalek jayati


Jaya Wijaya Trenggalek Jayati



Sak etane ponorogo
Sak elore pesisir kidul
Etan gandeng tulungagung
Poncot kulon pacitan

Kuto cilik kang sinebut
Soko tembung terang ing galih
Seje rungon ilat jowo
Mulo dadi Trenggalek jenenge

Lahir dino rebo kliwon
Tanggale telungpuluh siji
Bulan agustus sewu satus
Songo papat iku tahune

Kampak, Watulimo, Munjungan, Gandusari
Karangan, Pogalan, Durenan, Bendungan
Dongko, Panggul, Pule, Suruh karo Tugu
Kecamatan kota ibu kotane Trenggalek

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik prasasti kampak

Deretane tembang trenggalek